Pengertian dan Jenis Layang Bahasa Jawa Lengkap Dengan Contohnya
Pengertian dan Jenis Layang Bahasa Jawa Lengkap Dengan Contohnya - Layang atau dalam bahasa Indonesia biasa kita sebut dengan surat adalah salah satu jenis media komunikasi yang sudah ada sejak zaman dahulu.
Walaupun zaman sudah semakin maju, namun arti dan pentingnya surat atau layang masih sangat dibutuhkan, Salah satu surat yang sering kalian buat adalah surat izin tidak masuk sekolah. Dalam bahasa jawa jenis surat ini adalah Layang Prasaja.
Nah hari ini kita akan belajar mengenai jenis jenis layang pada Bahasa jawa.
Pengertian Layang
Layang kuwi piranti kang duweni wujud tulisan sing ditulis ing dhuwur kertas kanggo nyampekake uneg- uneg utawa pesen kanggo wong liya. Ing basa Indonesia layang diarani surat.
Layang minangka salah suwijine jinis media komunikasi sing wis ana awit jaman biyen. Layang dipérang dadi pirang-pirang jinis miturut isine. Contone, jinis layang prasaja sing digawe yaiku layang ijin ora mlebu sekolah.
Layang dinggo mujudake sarana komunikasi kanggo nyalurake informasi kang ditulis dening pihak siji marang pihak liyane kanthi ancas kanggo ngandharake tujuwan pesen saka kang ngirim layang.
Minangka telpon nganggo HP utawane telepon, kowe kudu nganggo pulsa utawa mbayar tagihan langganan. Menawa gawe surat kanggo guneman, kowe nganggo piranti kang diarani Perangko kanggo ngirim layang. Perrangko iki mujudake barang unik, mula akeh dikumpulake. Kegiatan ngumpulake prangko diarani filateli.
Kejaba prangko nulis layang uga mbetahake amplop kangge njaga kertas tulisan panggah apik, uga supaya layang kang dikirim ora diwaca wong liya kang ora ndue kepentingan.
Bab kang perlu digatekake sakdurunge nulis Layang
Ana bab kang kudu digatekake nalika nulis layang. Amarga nalika layang dikirim kowe ora bisa ngowahi maneh. Bab bab kang perlu digatekake sakdurunge nulis layang yaiku:
- Gatekake manawa nulis alamat layang kanthi bener lan lengkap.
- Nek bisa gawe layang nanggo basa krama nalika nulis layang marang wong sing langkung sepuh. Nanging, yen mung kanggo kanca-kanca sing padha umur, nggunakake basa ngoko wae.
- Nalika nulis layang uga nganggo tulisan sing apik, rapi lan sing gampang diwaca.
Nalika nulis layang uga kudu nggatekake bab perangane layang utawa bagian bagiane layang.
Perangane Layang
Perangan ing basa Indonesia tegese bagian bagian, mula perangane layang tegese bagian-bagian layang. Perangane layang umume iku ana 9 yaiku:
- Titi mangsa yaiku keterangan wektu ing layang. Isine awujud tanggal, wulan, taun layang sing ditulis.
- Satata basa yaiku alamat tujuwane layang.
- Adangiyah / adawiyah utawa puji syukur.
- Purwaka yaiku salam layangan. Biasane isine Assalamualaikum utawa sugeng enjing/ siang/ sonten/ dalu.
- Surasa dhasar yaiku isi layangan.
- Wasana basa yaiku wujude salam panutup.
- Prepenah yaiku sesambungane sing ngirim layang karo wong sing dikirimi layang, contone anakmu, pak lekmu, biyungmu.
- Tapak asma yaiku tandha tangan utawa cap jempol.
- Asma padhang utawa nama terang.
Layangan ing ndhuwur kudu ditulis runtut amarga wis dadi pakem utawa aturane. Gatekna conto layang iki.
TUGAS
Jajal Jlentrehake perangan layang kang ana gambar ngisor iki! Tulis neng buku tugasmu!
Jinise Layang
Miturut isine, Jenise Layang ana 6 yaiku:
Layang Iber-Iber
Layang iber iber sipate yaiku pribadi lan ora resmi. Lumrahe layang iber iber ditulis kanggo kulawarga, kanca, utawa kenalan. Layang iber iber kang katujokake marang kang kapernah tuwa kudu nggatekake tatakrama basa. Cengkorongane layang iber iber yaiku- Titi mangsa
- Satata Basa
- Adangiyah/ Adawiyah
- Purwaka
- Wasana basa
- Prepenah
- Tapak asma
- Asma Terang
Conto layang iber-iber
Assalamualaikum
Kepriye kabare Mbang? Kaluwarga padha sehat? Alhamdulilah aku lan kaluwargaku pada sehat.
Aku ngirim layang iki kanggo kowe menawa prei sekolah tahun sesok Insyaallah aku arep pindah sekolah nang jogja. Amarga kontrakan omah nang jakarta wis entek. Wilayah nang kono isek apik ya. Hawa nang kene rasane panas ora adem kaya nang jogja. Nang kene aku ora nduwe kanca. Kanca kanca nang kene wes padha dolanan HP ora kaya nang desa. Oh iya, kanca kanca desa sek padha dolan ora. Mesti nang kono rame ya.
Nek bengi nang kene rame banget, ana bakul cilok, bakul bakso, tukang sol sepatu lan liyane ora kaya ndesa isek sepi.
Yo wis ming iki sing iso tak ceritakke nang kowe. Ojo lali layang iki dibales ya, tak tunggu layange. Ngapura menawa ana tembung kang luput. Matur nuwun.
Wassalamualaikum Wr. Wb
Layang Kitir
Layang kitir yaiku layang utawa cathetan sing digawe kanthi ringkes, padet lan cetha kanthi tujuwan lan tujuwan tartamtu marang sing nampa tanpa pambuka. layang kang ditulis kanthi cekak aos. Layang kitir diarani memo ing basa Indonesia. Layang kitir biasane diwenehake saka atasan marang bawahan utawa pesen antarane anggota kulawarga ing omah.
Contoh layang kitir
Kanggo
Dewan Guru
Kagem rapat dinten niki, sumangga nyiapake data ingkang gayut kaliyan bab ingkang dipunginakaken kangge materi evaluasi wulan punika. Lan dina iki murid-murid dikon mulih jam 10.00. mangga diumumke marang kabeh ketua kelas.
Purbalingga, 30 Desember 2022
Kepala Sekolah
Layang Ulem
Layang ulem yaiku layang sing isine njaluk pihak liya teka ing wektu, panggonan, lan acara sing wis ditemtokake. Contone layang ulem kang biasane kowe temoni yaiku layang undhangan. Layang ulem bisa ngemot isi ngundang wong ing mantenan, khitanan, walimah, ulang tahun.
Contoh layang ulem
Layang Lelayu
Lelayu yaiku Layang sing ngabari wong kesusahan utawa kepaten (kematian), duweni perangan : ,satata bahasa,Purwaka, Surasa Bahasa, Wasana Bahasa,Prepenah, tapak asma, Asma terang.
Conto layang lelayu
Layang Paturan
Layang paturan uga diarani surat pemberitahuan. yaiku layang kang isine menehi kabar utawa ngabari sing kudu direteni wong akeh,
Contone layang saka Pak lurah kanggo Pak RT kang isine wara-wara lomba Agustusan kang kuudu di wara-wara ake ing masyarakat, biasane duweni perangan bebas , tergantung sapa sing gawe. Lan biasane layang utawa layangan iki ditempelake ing papan jujukane wong liwat.
Conto layang paturan
Layang Dhawuh
Jenise layang sing pungkasan yaiku layang dhawuh. yaiku layang saka dhuwuran(pangkate) marang andhahane contoh, Layang saka pak lurah kang isine rapat .kang duweni perangan Lengkap.
Posting Komentar untuk "Pengertian dan Jenis Layang Bahasa Jawa Lengkap Dengan Contohnya"